UNGGAH-UNGGUH BASA

 UNGGAH-UNGGUH BASA 

Unggah-Ungguh Basa yaiku pranataning basa manut lungguhing tatakrama utawa subasita UnggahUngguh uga kaprah diarani undha-usuk basa. 

Unggah Ungguh Basa kaperang dadi 4 :  
1. Ngoko lugu (wantah) wujude kabeh tetembungane migunakake tembung ngoko. Ngoko lugu digunakake kanggo omong-omongan antarane wong sing wis kekancan akrab lan wong tua marang anake. Titikan/ciri-cirine basa ngoko lugu (wantah) : 
  • tembung -tembunge ngoko kabeh 
  • ater ater lan panambang ora dikramakake 

2. Ngoko alus (andhap) wujude tembung-tembung ngoko kang kacampuran tembung krama kanggo ngajeni wong sing diajak guneman/omongan. Ngoko alus biasane digunakake kanggo omong-omongan antarane wong tuwa kang wis akrab nanging isih padha ngajeni, wong tuwa marang wong nom sing diajeni, lan kanggo ngomongake wong sing diajeni  


3. Krama lugu (madya) Wujude kabeh tetembungane nganggo tembung krama nanging wuwuhane isih migunakake wuwuhan basa ngoko Titikan/ciri cirine basa krama lugu (madya) : 
  • Tembung -tembung tembunge krama ora kecampur krama inggil 
  • Ater ater lan panambang di kramakake 
  • Tembung ku owah dadi kula 
  • Tembung kowe owah dadi sampeyan 
4. Krama alus (inggil)  Wujude kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo wong nom menawa matur marang wong tuwa, anak buah marang pimpinan, lan wong sing durung kenal. 

materi lengkapnya bilik-ilmu.com telah membuatkan link silahkan di download dilink dibahwah ini ...


Terimakasih semoga bermanfaat untuk kita semua, dan kalau ada kekeliruan bilik-ilmu minta maaf ..

0 Response to "UNGGAH-UNGGUH BASA"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel