Pengertene Crita Rakyat

 A. Pengertene Crita Rakyat 


Crita rakyat yaiku cerita kang ana ing swijining 
daerah lan kan awujud karya kolektif(bebarengan)

kang diwarisake kanti turun temurun . 

B. Unsur Crita Rakyat 

Unsur-unsur crita rakyat kaperang dadi loro, yaiku: 

  1. Unsur ekstrinsik yaiku unsure kang mbangun crita rakyat saka sajabane  crita. Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggite crita rakyat  Saka unsure ekstrinsik iku antarane: 

1) Agama 

2) Ekonomi 

3) Sosial 

4) Pendhidikan 

5) Budaya 

  2. Unsur intrinsik yaiku unsure kang mbagun crita rakyaat saka njero crita.  Kang mangaribawani dianggite crita rakyat. Saka unsure intrinsike iku antarane: 


1) Tema  

Tema, yaiku idhe/gagasan baku kang dadi undherane prakara crita. Tuladhane:  kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lan sapanunggalane.


2) Paraga  

Paraga, yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. Paraga  ing crita nduweni watak dhewe-dhewe kanggo mbedakake siji lan liyane. Paraga  kaperang dadi 3, yaiku: 

a) Paraga utama sing uga dijenengi protagonis. 

b) Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis. 

c) Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis. 


3) Watak  

Watak, yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, cendhek, lan  sapiturute) lan tandha-tandha nonfisik kang diduweni paraga (galak, sumeh,  grapyak, pinter, bodho, lan sapiturute). 


4) Latar/Setting  

Latar utawa setting, yaiku papan, wektu, lan swasana kedadeyane crita. Papan  iki bias ana ing pasar, dalan, sawah, kantir, lan sapanunggalane. Wondene wektu  iku ana awan, sore, bengi, esuk. 


5) Sudut Pandang/Point of View 

Sudut pandang, yaiku posisine pagript ing crita utawa carane pangripta  nyritakake isine crita. Pangripta bisa dadi tokoh ing crita kuwi, uga bias dadi  pengamat wae ing njaba crita. 


6) Basa  

Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake pangripta ing crita.

7) Alur/Plot  

Alur, yaiku urut-urutake kedadeyan ing crita. Bakune crita saka wiwitan nganti  teka pungkasan (pitepungan, dredah, cara ngrampungake dredah).   


Materi selengkangpanya bilik-ilmu sudah menyediakan linknya silahkan di download disini...

Semoga materi ini dapat bermanfaan buat kita semua, mohon maaf kalau ada kekeliruannya ...


0 Response to "Pengertene Crita Rakyat "

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel