Ringkasan Materi Bahasa Jawa Kls XII Smt Gasal K13

Materi Bahasa Jawa Kelas XII SMT Gasal K13 beserta latihan soal dan kunci jawaban ini penulis buat sebagai referensi untuk menambah bahan ajar dan ilmu tentang bahasa jawa yang sudah di susun komplit dari pasinaon 1 sampai Pasinaon 5.

Piwulangan Kangge Kelas XII Semester Gasal  Kasusun Dening : Ari Triyanti,S.Pd

PASINAON 1. Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi

SERAT WEDHATAMA

Serat Wedhatama menika salah sawijining serat karangan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya(KGPAA) Mangunegara IV, Serat kasebat babagan estetika-sastra Jawa ing abad 19. Serat Wedhatama awujud tembang macapat berbahasa Jawa kuno. Serat Wedhatama saking 3 tembung Serat tegesipun : Tulisan), (wedhategesipun : ajaran) lan (tama tegesipun : utama/becik). Dados Serat Wedhatama punika Seratan ajaran kabecikan, budi pakarti, akhlak kangge para mudha supados tumindak ingkang sae.

Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, menurut kamuskawi-indonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. iturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama kang duwe teges anak. Pepathokaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.

Serat Wedhatama kaperang dados 100 pupuh ing salebeting 5 tembang macapat :
1. Pupuh Pangkur (14 pupuh, 1-14)
2. Sinom (18 pupuh,15-32)
3. Pocung (15 pupuh, 33-47)
4. Gambuh (35 pupuh, 48-82)
5. Kinanthi (18 pupuh a 83-100)



PASINAON 2. Geguritan

Geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asline yaiku gerita. Tembung gerita dhewe minangka tembung andahan kang linggane yaiku tembung gita, tegese tembang utawa syair.

Geguritan iku dibedakna dadi 2, yakuwe :
1. Geguritan kuna/lawas nduwe pathokan :
a) Diwiti tembung sun gegurit
b) Gatra-gatra ing saben padane padha
c) Cacahe wanda ing saben gatrane padha
d) Minggunaake purwakanti guru swara

2. Geguritan anyar duwe pathokan
a) Ora nggunakake tembung sun nggegurit
b) Cacahe gatra bebas
c) Cacahe wanda saben gatra ora ditemtokake
d) Tibane swara ing pungkasane gatra bebas

Struktur geguritan kaperang dadi loro; yaiku:
1. Struktur fisik
a. Diksi. Yaiku pamilihing tembung. Tembung ing geguritan biyasane nduweni teges konotatif
b. Majas (lelewaning basa)
c. Purwakanthi
d. Tipografi. Yaiku gatraning geguritan kang tinulis mawa pada ing sawijining geguritan

2. Struktur batin
a. Bakuning gagasan (tema)
b. Pangrasane penyair. Yaiku tembung-tembung ing sajroning geguritan kang nduwe teges kanggo manjilmakake rasa.
c. Nada/sikap penyair marang pamaos. Yaiku patrap ing sajroning geguritan.
d. Amanat. Yaiku pesen kang diwedharake penyair marang pamaos.
e. Suasana. Yaiku kahanan batin sawise maca geguritan kang dirasakake pamaos


PASINAON 3. Teks Deskripsi Pakaian Adat Jawa

A. Mangerteni Teks Deskriptif Bab Busana Adat Jawa Wacana deskripsi yaiku wacana kang nggambarake objek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewek objek kang digambarake. Ancase/tujuan saka teks deskripsi yaiku menehi penerangan utawa peprincen sawijining obyek saengga pamaca kaya-kaya melu weruh, ngrungokake, ngrasakake, utawa ngalami apa kang dijlentrehake ing teks kasebut.

Ciri-ciri wacana deskripsi:
1. Nggambarke samubarang
2. Nggunakake panca indra (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap).
3. Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe,krungu dhewe,ngambu/ngganda dhewe,lan ngecap dhewe.

Urut-urutane nulis wacana deskripsi:
1. Nemtokake underaning perkara (tema)
2. Ngumpulake katrangan kanthi njingglengi bab kanga rep ditulis.
3. Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih.
4. Nulis kasile njingglengi mau kanthi urut, cetha, urip,lan nggunakake tembung-tembung kang trep.
5. Naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan kang becik.


PASINAON 4. Teks Eksposisi Gamelan

Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.

Ciri-ciri wacan eksposisi:
 Arupa wacan informasi.
 Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
 Wasananing wacan ana penjelasan.
 Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa bab.

Tuladha Wacan Eksposisi:
Sejarah basa jawa, Cara gawe roti, dll.

Jenis Wacan eksposisi:
1. Wacan sing nuduhake proses.
2. Wacan sing nuduhake tuladha.
3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.

Carane nulis wacan eksposisi:
1. Nemtokake underane (Tema) perkara.
2. Nemtokake tujuwan.
3. Ngumpulake data saka maneka sumber.
4. Nyusun cenkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
5. Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi


PASINAON 5. Akasara Jawa Swara

Aksara swara yaiku aksara kang dinggo nulis unine swara vokal /a/, /i/, /u/, /e/, /o/. Miturut Padmosoekotjo, 1939: 40) Aksara swara digunakake kanggo nulis tembung manca. Tembung manca kang dimaksud ing kene yaiku tembung manca kang diwiwiti nganggo swara vokal /a/, /i/, /u/, /e/, lan /o/. aksara swara pun mempunyai kaidah tersendiri bagaimana cara menuliskannya. Ada beberapa hal yang perlu diperhatikan agar Anda selalu ingat dan serasa mudah;

1. Tidak seperti yang lain, aksara swara tidak bisa dijadikan sebagai pasangan
2. Bila Anda menulis aksara Jawa, kemudian aksara Swara menemui sigegan; yakni konsonan pada akhir suku kata sebelumnya, maka mau tidak mau dalam kaidah kepenulisannya, sigegan tersebut dimatikan dengan pangkon.
3. Aksara swara dapat diberikan sandangan, baik sandangan cecak, layar, wignyan dan lain sebagainya.

Untuk membantu adik-adik dalam belajar, kali ini Bilik-Ilmu.com akan membagikan secara cuma-cuma Materi Bahasa Jawa Kelas XII SMT Gasal K13 beserta latihan soal dan kunci jawaban. Selain itu, dapat dijadikan referensi Bapak / Ibu guru pengampu bahasa Jawa dimanapun berada. dibawah ini tautan yang bisa di unduh



Demikian materi bahasa jawa kelas XII SMT Gasal K13 ini penulis buat semoga bermanfaat dan terimakasih..

0 Response to "Ringkasan Materi Bahasa Jawa Kls XII Smt Gasal K13"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel