Materi Bahasa Jawa Kelas 11 Semester Gasal Kurikulum 13

Materi Bahasa Jawa Kelas 11 SMT Gasal K13 beserta latihan soal dan kunci jawaban ini penulis buat sebagai referensi untuk menambah bahan ajar dan ilmu tentang bahasa jawa yang sudah di susun komplit dari  pasinaon 1 sampai Pasinaon 4 , silahkan di pelajari 

PASINAON 1. Serat Wedhatama Pupuh Pocung 

Serat Wedhatama menika salah sawijining serat karangan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangunegara IV, Serat kasebat babagan estetika-sastra Jawa ing abad 19. Serat Wedhatama awujud tembang macapat berbahasa Jawa kuno. Wedhatama saking 2 tembung (wedha tegesipun : ajaran) lan (tama tegesipun : utama/becik).

Dados Serat Wedhatama punika ajaran babagan kabecikan, budi pakarti, akhlak ingkang becik kangge para mudha supados tumindak ingkang sae. Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, menurut kamuskawiindonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik.

Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.


Serat Wedhatama kaperang dados 100 pupuh ing salebeting 5 tembang macapat :

1. Pupuh Pangkur (14 pupuh, 1-14)
2. Sinom (18 pupuh,15-32)
3. Pocung (15 pupuh, 33-47)
4. Gambuh (35 pupuh, 48-82)
5. Kinanthi (18 pupuh 83-100)

Pupuh Pocung wonten ing Serat Wedhatama Miturut maknane tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati

Piwulang serat wedhatama pupuh Pocung
1. Ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka,
2. Mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur.
Watak : sakepenake dhewe/ luwes, lucu lan gawe seneng.
Paugeranipun Tembang Pocung inggih menika:
a. Guru gatra : gunggungipun larik ing saben pada Tembang Pocung gatrane wonten 4 gatra
b. Guru wilangan : gungungipun wanda saben larik/ gatra Tembang Pocung guru     wilanganipun: 12 - 6 - 8 - 12
c. Guru lagu : dhawahing swanten vokal ing pungkasaning gatra Tembang Pocung guru lagunipun : u - a - i - a


PASINAON 2. Teks Novel Bhasa Jawa

Novel yaiku salah sawijine karya fiksi prosa kang ditulis. Novel sifate naratif utawa wujude arupa cerita. Wong kang nulis novel diarani novelis. Tembung novel asale saka basa Italia “novella” kang tegese “ sawijining crita”. Novel luwih dawa lan luwih jangkep menawa dibandhingake karo cerkak. Novel saora-orane kasusun dening 40.000 tembung.

Unsur intrinsik yaiku :

a. Tema
Tema, yaiku idhe/ gagasan baku kang dadi underane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lan sapanunggalane.

b. Paraga
Paraga, yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. Paraga ing crita nduweni watak dhewe-dhewe kanggo mbedakake siji lan liyane. Paraga kaperang dadi 3, yaiku:
1) Paraga utama uga dijenengi Protagonis
2) Paraga mungsuh uga dijenengi Antagonis
3) Paraga tambahan/ penengah uga dijenengi Tritagonis

c. Watak
Watak, yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, cendhek, lsp) lan tandhatandha nonfisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, bodho, lsp).

d. Latar/ setting
Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan/ panggonan, sosial, budaya, kahanan.

e. Punjering crita (sudut pandang)
Sudut pandang diperang dadi 3 yaiku:
1. Wong kapisan (kata ganti orang pertama)
2. Wong katelu (kata ganti orang ketiga)
3. Wong keloro (impersonal).

f. Basa
Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake pangripta ing crita.

g. Alur/ plot
Alur, yaiku urut-urutane kedadeyan ing crita. Bakune crita saka wiwitan nganti  teka pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian). Alur kaperang dadi 3, yaiku:
1) alur maju/ progresif yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse;
2) alur mundur/ regresif/ flash back yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur;
3) alur campuran.

h. Amanat
Amanat, yaiku piweling utawa piwulang luhur kang kakandhut ing sajroning crita, kana arep diwenehake pangripta marang pamaca.


PASINAON 3. Sesorah

Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh. Jinising Sesorah

1. Miturut gunane, sesorah kabagi dadi telu, yaiku:
a. Sabdatama (sesorah tunggal),
b. Pambagyaharja (mahargya rawuhe tamu)
c. Tanggap wacana (sesorah kang kudu antuk tanggapan).

2. Miturut kahanane sesorah, yaiku:
a. Sesorah resmi : pidhato sing diwedharake ing pasamuan resmi/formal
  Tuladha : Pidhato kenegaraan, pidhato hardiknas, pidhato presiden ana ing upacara  kamardikan, lsp
b. Sesorah setengah resmi : pidhato sing diwedharake ing wayah longgar.
    Tuladha : pidhato ing rapat karang taruna
c. Sesorah ora resmi
b. Tuladha : Pidhato manten, pidhato ing karang taruna, pidhato pengetan ulang taun bocah, lsp.

3. Miturut pendekatan isine sesorah yaiku:
a. Sesorah intelektual
b. Sesorah moral.


PASINAON 4. Teks Eksposisi Tata Cara Adat Mantu

Wacana eksposisi yaiku salah sawijining wacana ingkang tujuane kanggo njabarake wawasan, kanthi njlentrehake, menehi pangerten, nerangake sawijining bab, utawa ngaturake informasi kanggo sing maca supaya pamaos bisa nampa utawa nrima.

Ancase/tujuane wacana eksposisi yaiku maparake, njlentrehake, ngaturake informasi, lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa nampa utawa narima. Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan/ lmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab.


PASINAON 5. Akasara Jawa Rekan

Aksara rekan, yaiku aksara kang sengaja direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe Aksara Jawa kang bisa katulis nganggo aksara legena.

GUNANE AKSARA REKAN

Gunane aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung kang asale saka basa Arab. Manawa ora dicethakake, yen kang katulis iku tembung manca, mung cukup katulis nganggo aksara lumrah wae.

Untuk membantu adik-adik dalam belajar, kali ini Bilik-Ilmu.com akan membagikan secara cuma-cuma Materi Bahasa Jawa Kelas 11 SMT Gasal K13 beserta latihan soal dan kunci jawaban. Selain itu,  dapat dijadikan referensi Bapak / Ibu guru pengampu bahasa Jawa dimanapun berada. dibawah ini tautan yang bisa di unduh



Demikian materi bahasa jawa kelas 11 SMT Gasal K13 ini penulis buat semoga bermanfaat dan terimakasih..


0 Response to "Materi Bahasa Jawa Kelas 11 Semester Gasal Kurikulum 13"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel